Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Contoh Wawancara Dalam Bahasa Jawa


Contoh Wawancara Dalam Bahasa Jawa

contoh wawancara dalam bahasa jawa

1. contoh wawancara dalam bahasa jawa


Reporter: Wonten punapa menyang bapa bapa anak ???
Narasumber: apa ora kelakon ana mung sethitik lecet tangan!
Reporter: part Yang pain paling ing bapa anak?
Narasumber: tangan wrote
Reporter: Matur rama sampeyan, putra cepet mugia waras ???
Narasumber: ya sewun ya!
Sawijining dina pakdheku, kang asma Sawiji ditekani pawongan saka RRI, dheweke ana perlu wawancara ngenani carane nandur klapa kang bener. Pakdheku pancen pinter tetanem mligine tetanen klapa. Kebon klapane akeh tur wite uga subur subur. Mangakene iki wawancarane Pakdheku karo pawongan saka RI kang asma Mico Cassah. Mico : "Sugeng siyang Pak Sawiji." Sawiji: "inggih sugeng siyang mas. Mangga pinarak lenggah wonten mriki!" Mico: "inggih inggih, matur suwun. Mekaten lho pak, Kula asma Mico Cassah saking RRI badhe nyuwun pirsa kaliyan bapak, babagan caranipun nanem klapa kanthi bener supados asilipun katah" Sawiji: "O...mekaten. Inggih mas. Ingkang sepisan kedah nyawisaken pasiten. Pasiten dipun damel jogangan, ingkang badhe dipun tanemi kedah mawur. Dipunpacul lebetipun antawis 25-30 cm lan panjangipun kajumbuhaken kaliyan bibitipun." Mico: "Lha... Caranipun ndamel bibit kados pundi Pak Waji?" Sawiji: "Gampil kemawon kok mas. langkung rumiyin kapilah klapa ingkang sepuh utawi garing. Kasimpen ing papan eyom dangunipun kirang langkung setunggal wulan. Klapa bibit kaseset utawi dipun kepras secalakipun panggenan thikilan kirang langkung 5 cm lajeng kacelupaken larutan ozardrin 0,1 %. Sasampunipun kacelupaken larutan ozardin lajeng dipunkecambahaken ing bedhengan ingkang sampun kacawisaken. Kaprayogekaken madhep mangetan kaangkah bongkotipun klapa wonten wetan. Kaurug watara pupuk thikilan lan dipun sirami enjing sonten. Menawi sampun thukul watara 3cm bibit lajeng kapindhah dhateng bak utawa pholiback." Mico: "Woalah... janjane gampil nggih pak? Lajeng larutan ozadrin wau mundhutipun wonten pundi?" Sawiji: "Panjenengan nyuwun kemawon wonten toko bahan bahan kimia, mesthi wonten. Mangga lho mas, dipununjuk rumiyin wedangipun." Mico: Inggih matur nuwun, Pak Waji."

2. contoh wawancara bahasa jawa


Sawijining dina pakdheku, kang asma Sawiji ditekani pawongan saka RRI, dheweke ana perlu wawancara ngenani carane nandur klapa kang bener. Pakdheku pancen pinter tetanem mligine tetanen klapa. Kebon klapane akeh tur wite uga subur subur. Mangakene iki wawancarane Pakdheku karo pawongan saka RI kang asma Mico Cassah.
Mico : "Sugeng siyang Pak Sawiji."
Sawiji: "inggih sugeng siyang mas. Mangga pinarak lenggah wonten mriki!"
Mico: "inggih inggih, matur suwun. Mekaten lho pak, Kula asma Mico Cassah saking RRI badhe nyuwun pirsa kaliyan bapak, babagan caranipun nanem klapa kanthi bener supados asilipun katah"
Sawiji: "O...mekaten. Inggih mas. Ingkang sepisan kedah nyawisaken pasiten. Pasiten dipun damel jogangan, ingkang badhe dipun tanemi kedah mawur. Dipunpacul lebetipun antawis 25-30 cm lan panjangipun kajumbuhaken kaliyan bibitipun."
Mico: "Lha... Caranipun ndamel bibit kados pundi Pak Waji?"
Sawiji: "Gampil kemawon kok mas. langkung rumiyin kapilah klapa ingkang sepuh utawi garing. Kasimpen ing papan eyom dangunipun kirang langkung setunggal wulan. Klapa bibit kaseset utawi dipun kepras secalakipun panggenan thikilan kirang langkung 5 cm lajeng kacelupaken larutan ozardrin 0,1 %. Sasampunipun kacelupaken larutan ozardin lajeng dipunkecambahaken ing bedhengan ingkang sampun kacawisaken. Kaprayogekaken madhep mangetan kaangkah bongkotipun klapa wonten wetan. Kaurug watara pupuk thikilan lan dipun sirami enjing sonten. Menawi sampun thukul watara 3cm bibit lajeng kapindhah dhateng bak utawa pholiback."
Mico: "Woalah... janjane gampil nggih pak? Lajeng larutan ozadrin wau mundhutipun wonten pundi?"
Sawiji: "Panjenengan nyuwun kemawon wonten toko bahan bahan kimia, mesthi wonten. Mangga lho mas, dipununjuk rumiyin wedangipun."
Mico: Inggih matur nuwun, Pak Waji."

3. contoh wawancara sambil lalu bahasa jawa


Contoh wawancara
TEMA : pertanian
1. bapak duwe lahan pirang meter ?
2.bapak biasane ngongkon kerjo wong piro?
. 3. biasane bpk bayari wong piro ?
4.bapak biasane entok e duit seminggu piro ?
5.bapak baisane nandur opo ?

4. contoh wawancara bahasa jawa tentang industri tempe


1. Pun pinten tahun usaha niki jumeneng?
2. Rumiyen modal ipun pinten?
3. Biasa nipun telas pinten kilo dele sekali produksi?
4. Perkembangan usaha nipun pripun.?

5. Contoh penutup wawancara dalam bahasa jawa?


Cekap semanten wawancara punika. Nyuwun pangapunten ingkang wonten kalepatanipun kula. Maturnuwun sampun ngaturi wekdalipun dhamel wawancara punika. Kula aturaken maturnuwun.
Wassalamualaikum. Wr. Wb.

6. contoh wawancara dalam bahasa Jawa bertema lingkungan hidup disekolah !Wawancara


Andi: Bapak, kenapa sekolah kita tansah

          reged

Pack galak: amarga sampeyan pengin perang


7. contoh wawancara bahasa jawa


asmane jenengan sinten

8. Contoh wawancara bahasa jawa tema tradisi adat jawa


adit:"pak dingapunten kula bade tangklet?"
pak harjo:yoh takon op le?
adit:ngeten lho wonten dusun mriki enten adat tradisi jawa?
pak harjo:yo cetho to le!
adit:lha niku npo pak
pak harjo:yo iku mitoni,adat istiadat kang gawe wong kang lagi meteng 7 wulan.

9. contoh naskah wawancara bahasa jawa


Mujawazah: " mbah,punapa keparenga kulo nyuwun pirsa?"
Embah: Arep takon apa,antuk garapan ngomah ana kepriye?
Mujawazah: "inggih mbah,kala wau pak guru ngadharaken bilih griya ing jaman sapunika kathah jinis wewangunipun kadosta: griya tumpuk,ruko,batako,perumnas,lan sanes sanesipun.sanadyan mekaten,sarehne bebrayan jawi punika gadhah jinis piyambak ingkang manekawarni,pramilo kulo sakanca kedah ngertosi. Lah bab punika ingkang dipundadosaken garapan griya dening pak guru mbah"
Embah: ooo...ngono ta,mudheng aku kersane gurumu kuwi.pancen,omah jawa iku manekawarna.apa kira" kowe durung mudheng bab jinise omah jawa iku?
Mujawazah: sajatosipun sampun mangertos,mbah,nanging dereng jangkep
Embah: Coba,omahe pak tapa kae,jinise apa?
Mujawazah: dalemipun pak tapa punika limasan mbah,awit manguning griya wonten empyakipun sekawan,ingkang kalih ageng serongan dene ingkang kalih malih wangung majeng tiga
Embah: pinter kuwe
Mujawazah: ingkang taksih kurang punika bab paraganipun griya mbah
Embah: ooo... kuwi ta,bab peraganipun omah,yen kowe kepingin mangerti luwih cetha,ayo dakwiwiti saka regol kana kae
Mujawazah: sumangga mbah

10. Contoh wawancara bahasa jawa tentang gunting


Jawaban:

guntionggenansnsnsns


11. contoh penutup wawancara bahasa jawa


maturnuhun (terima kasih)

12. contoh teks wawancara dengan bahasa jawa​


BERIKUT TEKS WAWANCARANARASUMBER:IBU

pewawancara : sugeng enjing bu ?

ibu : nggih sugeng enjing .. wonten napa nggih ?

pewawancara: kula badhe wawancarai ibu saget ?

ibu : nggih saget , monggo

pewawancara : napa pekerjaanipun ibu ?

ibu : pedagang

pewawancar : pedagang napa bu ?

ibu :pedagang kaki lima

pewawancar : daganganipun napa bu ?

ibu : sego goreng

pewawancara : jam pinten ibu sadhean ?

ibu : jam 4 - 8 sonten

pewawancara : pinten penghasilan ibu setunggal dinten ?

ibu : knten-kinten 150.000-300.000

pewawancara : pinten 1 porsi ibu sadhean ?

ibu : 10.000

pewawancara : ibu sadhean ting mriki pinten riyaya ?

ibu : 15 riyaya

pewawancara : nggih sampun kula pamit rumiyin , matursuwun sampun ngluangaken wektunipun..

ibu : nggih sami-sami


13. contoh wawancara dengan bahasa jawa


Contoh wawancara Bahasa Jawa


  Wawanrembug

Kula           :    “Sugeng ndalu Bu Tutik?”

Bu Tutik    :    “Sugeng ndalu mas Adit. Dengaren mrene, ana kaperluan napa?”

Kula           :    “Kula badhe mewawancarai ibu . Angsal mboten Bu?”

Bu Tutik    :    “Oh, ya mboten napa-napa.”

Kula           :    “Kula nyuwun pangapunten amargi sampun ndalu kula malahan nganggu.

                                    Panjenengan kagungan usaha ternak menapa lan kados pundi mulabukanipun ngingah ternak menika?”

Bu Tutik    :    “Wekdal menika kula usaha ternak ayam potong ( broiler ) saking yahun 1990 kalih atus ekor, sakmenika tigang doso gangsal ewu ekor.

                        Mulabukanipun, kula niti priksa bilih kabetahan daging ayam warga masyarakat saben tahunipun saya mindhak, awit saking menika kula nggadahi krentek nyobi ternak ayam broiler saking sekedik, lan Alhamdulillah ngantos wekdal menika saget ngrembaka lan lumampah kanthi lancar. “

Kula           :    “Kangge ngawekani lan nyegah penyakitipun, kados pundi bab tedanipun lan obat-obatanipun?”

Bu Tutik    :    “Pangopenipun dipun paringaken kandang piyambak, kandang menika kedah dipun resiki pendak dintenipun lan dipun semprot ngagem desinfektan supados kandang wau steril.

                        Masalah pakan, kedah dipun titi priksa lan dipun paring nutrisi ingkang sae.

                        Babagan oabt-obatan kedah rutin, obat saha tedanipun mundut saking poutry saha saking pabrik.”

Kula           :    “Pikantuk pembinaan saking pundi?”

Bu Tutik   :    “Pembinaan sampun mlampah kanthi sae, saking Dinas Peternakan dan Perikanan Kab. Sragen, UPTD Peternakan Kecamatan Kedawung saha saking PPL.”

Kula           :    “Ngingah ternak menapa kemawon ingkang saget dipun pendet hasilipun?”

Bu Tutik    :  “Ingkang saget dipun pendet hasilipun  : dagingipun kagem peningkatan gizi keluarga, limbahipun (kotoran ayam) inggih saget kagem pupuk organik.”

Kula           :                “Pemsaranipun dateng pundi ? Lan hasil ternak menika sisa hasilipun kados pundi ?”

Bu Tutik    :    “Pemasaranipun kajaba dateng pasar ( masyarakat lokal Sragen ), ayam kala wau dipun puruki pembeli saking Surabaya, Solo, ugi daerah-daerah sekitar Kabupaten Sragen .

                        Hasilipun Alhamdulillah saget nyekapi kebutuhan kaluarga.”

Kula           :    “Menapa wonten kendala ? Kados pundi ingkang ngawekani ?”

Bu Tutik    :    “Biasanipun bilih mangsa ketiga kenging penyakit ngorok utawi pilek, kagem ngawekani dipun paring obat. “

Kula           :    “Menapa mupangatipun dateng kaluarga lan taggi tepalih?”

Bu Tutik    :    “Dateng kaluarga antawisipun saget ningkataken perekonomian keluarga.

                        Dateng tetanggi para tetanggi saget sinau kados pundi caranipun ngingah utawi usaha ayam broiler, sak menika para tetanggi katah ingkang ngingah ayam broiler.”

Kula           :    “Rancangan menapa ingkang badhe dipun tindakaken supados ternak panjenengan saya majeng malih ?”

Bu Tutik    :    “Nambah ternak ingkang sampun wonten, dipun tambah ngingah ayam petelur. Menapa malih menika sae lan permintaan samsoyo katah.”

Kula           :    “Matur suwun sanget nggih Bu amargi angsal mewawancarai Ibu.”

Bu Tutik    :    “O ya, menawa kagungan pernu mrene maneh ya Mas!”

Kula           :    “Inggih Bu.Sugeng  ndalu.”


14. Bagaimana Contoh Wawancara Bahasa Jawa Ke Dosen Universitas?


pertama nyuwun kulonuwun atau permisi ..minta waktu untuk wawancara..

baru setelah itu kasih pertanyaan..
contoh : 1.panjenengan dados dosen teng ngriki sampun dangu nopo dereng?

2. panjenengan dados dosen mata kuliah nopo nggih?

3. sakderenge dados dosen wonten ngriki,panjenengan sampun dados dosen teng universitas pundi mawon?

15. bagaimana contoh wawancara bahasa jawa ke pengusaha sepatu????


N = Narasumber
P = Pewawancara

P : Assalamu`alaikum Wr Wb, pak.
N : Wa`alaikum salam Wr Wb, le.
P : Nuwun sewu, kula bade wawancara kaliyan bapak, menapa bapak wonten wekdal sakedap kemawon?

N : Iso-iso le, ayo lungguh kene wae.
P : Inggih, pak. Matur suwun.

P : Wiwit saking tahun pinten Bapak mbikak usaha sepatu niki?
N : Saka tahun 1995

P : Pripun awalipun Bapak mbikak usaha niki?
N : Mbiyen jaman cilik, bapak kuwi sekolah ora tau nggawe sepatu, banjur mbukak pakaryan iki, kanggo bocah-bocah sing isih sekolah ben iso nggawe sepatu kabeh.

P : Napa kemawon bahan kagem ndamel sepatu, pak?
N : Ana werna-werna. Ana sing saka kulit asli, ana sing saka suede, ana sing saka kulit buk, lan kulit lak. Sing anyar yaiku sepatu nggawe bahan karet lan kanvas.

P : Saking werna-werna bahan niku reginipun sami punapa benten, pak?
N : Yo, jelas beda. Sing kulit asli regane luweh dhuwur dibandingake sing bahan liyane.

P : Punapa Bapak mbukak cabang?
N : Cabang pabrike ora ono, ananging cabang tokone akeh. 

P : Dados mboten pabrik kemawon? Bapak nggih mbikak toko?
N : Iya, le. Ana 10 toko. 

P : Pinten karyawan ingkang nyambut damel pak?
N : Ing pabrik kurang luweh ana 50 wong. Ing saben toko kurang luweh telung wong.

P : Pinten sepatu ingkang saget didamel saben minggu, pak?
N : Kurang luweh 2000 sepatu.

P : Punapa ingkang dados alangan pakaryan sepatu niki?
N : Kadang bahan sepatune angel digoleki, dadi sak iso mungkin ngganti bahan sepatu lan regane medun utawa malah munggah.

P : Punapa kaluwihan bisnis sepatu niki?
N : Kanggo biaya sekolah anak, kanggo biaya urip kulawarga, lan sak pituture.

P : Inggih sampun, pak. Cekap mekaten, maturnuwun sanget criyosipun. Nuwun sewu menawi ngerepoti Bapak.
N : Ya le, padha-padha. Muga manfaat apa sing bapak critakne.

P : Wassalamu`alaikum Wr Wb
N : Wa`alaikumsalam Wr Wb

Video Terkait


Posting Komentar untuk "Contoh Wawancara Dalam Bahasa Jawa"